A. Tegese pidhato
Pidhato yaiku omongan/ucapan kang ditata kanthi apik lan disampekake marang wong liya. Pidhato minangka salah sawijine ketrampilan lisan kanggo ngungkapake isine pikiran, perasaan, gagasan, warta lan liya-liyane.
B. Jenis-jenis pidhato adhedhasar yaiku:
Pidhato pembukaan, yaiku pidhato ringkes kang disampekake pembawa acara utama MC.
Pidhato pengarahan, yaiku pidhato kanggo ngarahake sawijine kagiyatan.
Pidhato sambutan, yaiku pidhato kang disampekake ing sawijine adicara tartamtu, kanthi wektu kangm ung sadhela, amarga sing menehi sambutan ora mung wong siji.
Pidhato peresmian, yaiku pidhato kang dilakokake dining wong kang dueni pangaribowo kanggo ngresmekake samu barang.
Pidhato laporan, yaiku pidhato kang isine ngelaporake sawijining tugas utowo kegiatan.
Pidhato pertanggung jawaban, yaiku pidhato kang isine sawijine laporan pertanggung jawaban tugas utama/kagiyatan.
C. Carane gae pidhato
Supaya bisa nindakake pidhato kanthi lancar becike nggawe reng-rengan luweh disek.
Salam pambuka
Pambuka kang gambarake isi nganti ringkes
Isi pidhato kang gambarake maksud, gambaran, sasaran, lan liya-liyane
Penutup kang gambarake dudutan, pangarep-arep
Salam penutup
Pidhato yaiku
Posted by Rangga 2016-07-02 11:34:47
Comments: "Pidhato yaiku"

Jamesraf
2018-08-05 00:42:07